Jumat, 05 Juli 2013

prolog

piye carane sugih, mesti kepikir karo sopo wae sing wis ngeti karo duit. Mbuh kui cah cilik, cah enom, wong tuo. Yo blog iki mung miturut pendapatku lho, yen ono sing salah yo njaluk tulung dingapuro. Menurutku yo memang tergantung soko akeh faktor. Aku mbagi dadi loro faktor, yaiku faktor bejo karo faktor rabejo.
Faktor bejo kuwi biasane iso soko, misale :
- Dilairke soko wong tuwo sing sugih
- Entuk undian berhadiah
- Entuk bondho warisan
Yen faktor rabejo kuwi yo selain kuwi sugihe ora entuk soko ning nduwur, dadi sugihe mergo proses ora instant.

Jalan pikiranku ki meh podo karo buku sing takwoco-woco. Dadi wong arep sugih kuwi normale nglewati dalan kui, tahap-tahape. Pertamane mergo raduwe modal, mesti awake dewe kudu kerjo melu uwong, kanggo ngumpulke modal duit lan karo modal pengalaman, akeh konco. Wayah iki jenenge tahap dadi pegawai. Ning kene kw kudu sinau sing tenanan ng nggone perusahaanmu sing kw kerjo. Kw sinau sisteme, py perush kuwi iso mlaku, iso dodolan, iso entuk duit, opo wae resikone. Lha gajimu ojo mbokenteke kabeh, sebagian mbok tabung kanggo modal sesuk yen ws cukup.

Lha yen ws cukup modal lan pengalaman nembe kw mbukak usaha dewe. Iso ugo mboksambi karo megawai. Fase iki biasane disebut tahap dadi pengusaha.Ng kene kw bener2 diuji, iso gagal iso berhasil. Makane yen iso, usahane sing sesuai pas mbok pelajari pas dadi pegawai, dadi sesuai karo pengalaman, yen iso sesuai karo pendidikanmu sisan. Ojo serakah, ngayah2i usaha werno2 malah ra fokus. Ditekuni siji sik nganti berhasil.

Tapi ono coro sing rodo cepet lan masuk akal :
- Entuk bojo sugih kanggo sing durung rabi
- Golek gawean sing podo sekolahmu, hobimu
- Yen duwe duit ojo tuku mobil/motor, invest lemah wae mergone lemah regone akeh mundake
- Ojo pelit2, donga lan ngamal sing akeh men rejekimu berkah
- Meluo asuransi, mergone wong loro ki ragate akeh

Yen kowe isih gagal, opo ra sugih2, baleni maneh wae.. amargo kui kabeh proses..

12 komentar:

  1. aku wes nyoba ngulang bola bali mas, tapi kok yo ora sugih2 ki pye yo. . baterai laptopku nganti meh entek ki

    BalasHapus
  2. Matur nuwun pituture mas. Sakjane aku ya wis ngerti, mung kepiye le arep nglakoni.

    BalasHapus
  3. Matur nuwun pituture mas. Sakjane aku ya wis ngerti, mung kepiye le arep nglakoni.

    BalasHapus
  4. Apa sampeyan nggoleki silihan? We offer loans designed to meet your financial and personal needs Loan business with scheme approval loan fast. We borrow money for those who need financial help, we give credit to people who have bad credit or need money to pay bill, to invest in this business. Sampeyan ora kudu kuwatir, amarga sampeyan ana ing panggonan sing bener, GLORIA S LOAN COMPANY nawakake kredit kanthi tingkat kapentingan sing kurang saka 2%, supaya yen sampeyan butuh pinjaman, aku arep hubungi GLORIA S LOAN COMPANY mung iki alamat email: gloriasloancompany@gmail.com / Jumlah Whatspp: + 1 (267) 527-9742
    APLIKASI PELAYANAN KREDIT:
    1) Jeneng lengkap: ............
    2) Jenis Kelamin: .................
    3) Umur: ........................
    4) Negara: .................
    5) Nomer telpon: ........
    6) Proyek: ..............
    7) Income: ......
    8) Jumlah Pinjaman sing Dit Require: .....
    9) Loan duration: ...............
    10) Alesan etangan: ...........
    11) Apa sampeyan wis nglamar lan ditolak? Yèn mangkono........

    BalasHapus
  5. Insyaallah aku bakal sugih.. dongakna yo sedulur

    BalasHapus
  6. Insyaallah aku bakal sugih.. dongakna yo sedulur

    BalasHapus